Macam Macam Tembang Macapat dengan Contohnya


Tembang iku ana 3 yaiku :
  1. Tembang Gedhe
  2. Tembang Tengahan
  3. Tembang Alit utawa tembang Macapat
Tembang Macapat

I.Pangertosan


Sekar inggih menika reriptan utawi dhapukaning basa mwi paugeran taramtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken ngangge kagunan swanten (Padmaaaaosoekotjo, 1960 : 25)
Sekar Macapat inggih menika sekaar ingkang kaping papat (sekawan )
Waosan sekar
I : maos sekar ageng setunggal sapadeswara (sapada/kalih pada dirge )
II : maos sekar ageng setunggal pada dirga ( kalih pada pala/gatra )
III : maos sekar tengahan
IV : maos sekar alit (macapat)

II.Timbulipun Sekar Macapat

Sekar macapat sampun wonten nalik jaman Majapahit, ananging sakalngkung anem saking sekar tengahan.Sekar Macapat menika manut Tedjohadisumarto karipta dening Prabu Dewawasesa/ Prabu Banjaransari kala taun 1191 utwi 1269 masehi

Antawisipun sekar Macapat kaliyan Tengahan menika meh memper. Paugeranipun meh sami( guru gatra, guru wilangan lan guru lagu ) ingkaang mbedakaken namung basanipun. Sekar Tengahan ngangge basa Jawi Tengahan, dene sekar Macapat ngangge basa Jawi enggql Ing sekar Tengahan limrahipun winastan kidung, mila wonten kidung Durma, Kidung Sinom. Cakepan kasebat sinerat wonten ing Kidung Sundayana.

III.Paugeran Sekar Macapat

Paugeranipun sekar Macapat wonten tiga, inggih menika :
  1. Guru gatra yaiku gunggungipun larik ing saben pada
  2. Guru wilangan yaiku gunggungipun wanda saben larik/gatra
  3. Guru lagu yaiku dhawahing swanten vocal ing pungkasaning gatra
Jumlahipun tembang Macapat wonten 11, inggih menika
  1. Mijil
  2. Kinanthi
  3. Sinom
  4. Asmaradaana
  5. Dhandhanggula
  6. Gambuh
  7. Maskumambang
  8. Durma
  9. Pangkur
  10. Megatruh
  11. Pocung
Tembang Macapat menika minangka pralambang gesanging manungsa wiwit lair dumugi mati Manungsa lair ing ngalam donya metu saka guwa garba ( MIJIL ) nalika isih cilik kudu dituntun utawa dikanthi ( KINANTHI ) yen wis remaja ( SINOM ) duwe rasa tresna utawa aweh katresnan marang wong liya ( ASMARADANA ). Sing lagi nandhang tresna swasanane katon endah lan manis ( DHANDHANGGULA ) sawise mengku kulawarga kudu ngerti ( GAMBUH ) marang prakaraning urip. Manawa wis tuwa uripe bakal ngambang ( MASKUMAMBANG ) mikirake donya lan akherat. Tambah tuwa saya mundur ( DURMA ) mungkur ing kadonyan ( PANGKUR ) ngadhepi akherat, mula gentur ngibadahe. Sawise mati ateges pegat ruhe ( MEGATRUH ) Banjur dibuntel utawa dipocong ( POCUNG )

IV.Konversi Sekar Macapat

  1. Baliswra yaiku rerangkening tembung ingkang nyebal sking paugeran awit kangge njangkepi guru lagu,
    Tuladha :
    Anoman smpun malumpat
    Anoman malumpat sampun (kinanthi)
  2. Daya sastra yaiku aksara irung (hanuswara) kangge njangkepi guru wilangan. Daya sastra limrahipun dumadi ing sekar Macapat seratan Jawi.
    Tuladha :
    (ng)guguk, (n)dlarung, (m)baludhus, lsp.
  3. Plutan saha Wanchan Yaiku ginanipun kangge nyuda guru wilangan amrih jangkep. Plutan sru, mlas,lyan, wruh. Wancahan : gung, kang, ywa
  4. Uluran. Yaiku nambah aksara hanswara, vocal a utawa ma. Kados (m)bludhus dados (m) baludhus, nangis ddos anangis, lsp. Uluran kangge nambah guru wilangan amrih jangkep.
  5. Sandi/garba
    Yaiku kangge nyuda guru wilangan
    Tuladha : nara + iswari = nariswari
    Ratu + agung = rtwagun
  6. Sandiasma
    Yaiku asmanipun panganggit ingkang dipunsingitaken ing salebeting sekar. Sandiasma saged mapan ing awal pupuh, awal pada, awal gatra
    Tuladha : Ing Serat Ajipamasa
    RA-sikaning sarkara kaesthi,
    DEN-nya kedha mamardi mardawa,
    NGA-yawara puwarane, BE-la-belaning kalbu,
    I-nukarta niskarteng gati,
    RONG-as rehing ukara,
    GA-garanirantuk,
    WAR-ta wasitaningkuna,
    SI-nung tengran “sembah trus kaswareng bumi”
    TA-litining carita
  7. Sengkalan : Yaiku tetenger taun ingkang sinawung tembung salebeting sekar. Kados sengkalan ing nginggil : “sembah trus kaswareng bumi” = (1791)

V. Anasir Sekar Macapat

  1. Dendha kerata
    caranipun nyekaraken sekar Macapat winastan dendha kerata, tegesipun cetha, boten bindheng boten blero, las-lasan, lugu,bares,prasaja, boten kekathahen laku luk, cengkok, utawi wilet, awit kedah ngengeti suraosing sekar ingkang nembe kawaos.
  2. Andhah saha nung sawara
    yaiku luk swanten kadhawahaken ing wanda pungkasaning gatra. Dene anung swara yaiku luk swanten kadhawahaken ing setunggal wanda saderengipun pungkasaning gatra. Tuladha :
    Ingkang becik martabate = (andhah swara)
    Sapa ta kang palakrama
  3. Pedhotan
    Pedhotan wonten kalih werni yaiku pedhotan kendho lan pedhotan kenceng. Pedhotan kendho
    Boten munggel wanda ing salebeting tembung. Pedhotan kenceng munggel wanda ing tembung
    Tuladha :
    Kang aran - bebuden luhur, (pedhotan kendho)
    Dudu pangkat-dudu ngelmi (pedhotan kendho)
    Uga dudu-kapinteran (pedhotan kendho)
    Lan dudu pa-ra winasis (pedhotan kenceng)
    Apa maneh-ksugihan (pedhotan kendho)
    Nanging mung-sarining ati (pedhotan kendho)
  4. Andhegan
    Yen pedhotan menika mapan ing tembung, dene andhegan mapan ing pungkasaning gatra Andhegan menika wonten tiga :
    • Andhegan wantah
    Yaiku mapan ing pungkasaning gatra, suraosing gatra dereng jangkep
    Andhegan wanth menika dumados saking setunggal gatra
    • Andhegan alit
    Yaiku mapan ing gaatra, suraosing gatra saged mapan sanadyan dereng setunggal pada.
    Andhegan alit saged dumados saking setunggal gatra utawi langkung
    • Andhegan ageng
    Yaiku mapan wonten ing pungkasaning pada, dene suraosingsekar sampun jangkep Andhegan ageng dumados saking setunggal pada.
  5. Padhang saha ulihan : Andhegan wantah limrah sinebut padhang awit dereng paripurna, suraosing dereng jangkep. Dene andhegan ageng winastan ulihan, suraosing sekar sampun jangkep. Padhang mapan ing pungkasaning gatra, dene ulihan ing pungkasaning pada (Prawiradisastra, 1996: 42)
  6. Wirama : Yaiku wirama ing sekar Macapat limrahipun wirama merdika, boten ajeg
  7. Rerengganing sekar Macapat
    • Wilet Yaiku variasi titi laras wonten ing pangolahing cengkok
    • Cengkok Yaiku rerangkening titi laras kangge ngolah lagu
    • Luk yaiku andhah swara saha nung swara
    • Gregel yaiku luk ingkang cepet
    • Sliring yaiku mineur, vals, vales, penyimpangan saking skala nada

Wataking Tembang

No.

Nama Sekar

Watak

Ginanipun

1.

Mijil

Asih, prihatin, pangjag

Mulang tiyang ingkang nembe prihatin

2.

Kinnthi

Seneng, asih, kasmaran

Mituturi, pratelan tresna, mulang

3.

Sinom

Ethes, prasaja

Piwulang, wewarah

4.

Asmaradana

Tresna, sedhih, sengsem

Nggambarake kakesitan, mulang, tresna

5.

Dhandhanggula

Luwes, gumbira, endah

Mahyakaken tresna, sedhih nandhang tresn, mbuka sekar/serat, mahyakaken kahanan menapa kemawon cocok

6.

Maskumambang

Nelangsa, ngeres-eresi, sedhih

Mahyakaken raos panalangsa

7.

Durma

Kers, nepsu, semangat

Nggambaraken tiyang nepsu, perang

8.

Pangkur

Sereng, nepsu, gandrung

Pitutur radi srengen,gandrung

9.

Pocung

Sembrana, parikena, lucu

Cangkriman, crita lucu, guyon

10.

Gambuh

Sumanak, sumadulur

Mulang, pitutur

11.

Megatruh

Prihatin, getun, keduwung, sedhih

Cariyos ingkang sedhih, getun

Tembung-tembung kang gegayutan karo tembang ln gamelan
  1. Bawa : miwiti gendhing kanthi migunakake tembang
  2. Buk : miwiti gendhing kang migunakake swarane rericikan gamelan
  3. Suwuk : leren(sirep) tumrap unine gamelan
  4. Karawitan : kagunan swara alus kng migunakake gamelan
  5. Klenengan jangkep : uyon-uyon nabuh gamelan nganggonricikan kang pepak, kanthi Waranggana lan wiraswara
  6. Saprangkat : gamelan komplit laras slendro karo laras pelog
  7. Sapangkon : gamelan komplit laras slendro thok utawa laras pelog thok
  8. Gerong : tetembangan bareng karo unine gamelan
  9. Suluk : kekidungan nalika arep nyritakke wayang
  10. Gadhon : uyon-uyon nabuh gamelan kang mung ricikan gamelan sing prelu-prelu bae
  11. Sindhen : nembng mbarengi gamelan tumrap waranggana
  12. Wiraswara : wong lanng kang sok mbawaningendhing
  13. Waranggana/swarawati: wanita kang pakaryane nembang bareng gendhing/gamelan
  14. Gendhing : lelagon kang kanggo ing karwitan
  15. Cakepan : unen-unen ing tembang
  16. Cokekan : uyon-uyon kang mung ricikan kendhang, gender, siter, gong kemodhong kanthi disindheni
  17. Titi laras : angka-angka kang nuduhake dhuwur cendheke swara ing gendhing/ tembang

Paugeran tembang Macapat :

No

Sekar Macapat

Guru gatra

Guru wilangan

Guru lagu

1.

Mijil

6

10, 6, 10, 10, 6, 6

I, u, e, I, I, u

2.

Sinom

9

8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12

a, I, a, I, I, u, a, I, a

3.

Dhandhanggula

10

10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7

I, a, e, u, I, a, ua, I, a

4.

Kinanthi

6

8, 8, 8, 8, 8, 8,

U, I, a, I, a, i

5.

Asmaradana

7

8, 8, 8, 8, 7, 8, 8

A, I, e, a, a, u, a

6.

Durma

7

12, 7, 6, 7, 8, 5, 7

A, I, a, a, I,a,i

7.

Pangkur

7

8, 11, 8, 7, 12, 8, 8

A, I, u, a, u, a, i

8.

Maskumambang

4

12, 6, 8, 8

I, a, I, a

9.

Pocung

4

12, 6, 8, 12

U, a, I, a

10.

Gambuh

5

7, 10, 12, 8, 8

U, u, I, u, o

11.

Megatruh

5

12, 8, 8, 8, 8

U, I, u, I, o

0 Response to "Macam Macam Tembang Macapat dengan Contohnya"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel